Paribasan, Bebasan, Lan Saloka – Kasusastraan Bahasa Jawa

Avatar for visitklaten
27 Agustus 2022
Paribasan, Bebasan, Lan Saloka - Kasusastraan Bahasa Jawa

Visit Klaten – Paribasan, Bebasan, Lan Saloka – Kasusastraan Bahasa Jawa. Bahasa Jawa (Basa Jawa) merupakan suatu bahasa Austronesia yang pada umumnya dituturkan oleh penduduk bersuku Jawa di wilayah bagian tengah dan bagian timur dari pulau Jawa. Yakni Jawa Tengah, Jawa Timur dan Yogyakarta.

Paribasan, Bebasan, Lan Saloka - Kasusastraan Bahasa Jawa

Sebelumnya kami mengucapkan terima kasih yang sebesar-besarnya kepada para pengunjung visitklaten[dot]com. Yang telah meluangkan waktunya untuk mengunjungi website kami. Kami menerima segala masukkan dan kritikan agar web dan diri kami menjadi lebih baik lagi.

By The Way, web ini sebetulnya tentang wisata dan media tentang klaten. Namun tak ada salahnya apabila kami berbagi hal yang lainnya yang menurut kami akan bermanfaat khususnya bagi diri kami dan juga orang lain. 

Karena ilmu jika dibagi bukannya berkurang namun malah akan terus bertambah. Tak lupa semoga juga bermanfaat bagi pengunjung visitklaten[dot]com.

Dalam kesempatan kali ini visitklatencom akan berbagi Tembung Ngoko, Krama Madya, Krama Inggil Bahasa Jawa. Data di bawah ini kami rangkum dan kami susun dari buku pepak basa jawa.  Apabila dalam artikel ini sekiranya ada yang kurang jelas atau belum paham maka silakan menanyakan ke guru bahasa jawa atau yang lebih mengetahui karena disini kami hanya sekedar berbagi saja. Terima kasih.

Kasusastraan Paribasan, Bebasan, Lan Saloka

Menurut wikipedia : Paribasan, bebasan, dan saloka sebenarnya masih saling berkaitan karena ketiganya termasuk dalam kelompok peribahasa dalam bahasa Jawa. Ketiganya memiliki makna kiasan, sehingga tidak dapat dimaknai secara leksikal.

Perbedaan yang paling mendasar antara paribasan dengan bebasan dan saloka ialah di dalam paribasan menggunakan tembung wantah (kosakata murni) dan tidak memiliki ungkapan pengandaian. Sedangkan saloka sendiri mengandung ungkapan pengandaian dan yang diandaikan/diperumpamakan adalah orang tersebut dengan digambarkan sebagai hewan ataupun barang.

A

  • Adigang, Adigung, Adiguna
    Wong Sing Ngendelake Kekuwatan, Kaluhuran Lan Kapinterane
  • Adhang-Adhang Tetesing Embun
    Njagakake Barang Mung Saolehe Bae
  • Aji Godhong Garing
    Barang Kang Ora Nduwe Aji Babar Pisan
  • Ana Catur Mungkur
    Ora Gelem Ngrungokake Rerasan Sing Ora Becik
  • Ana Dhaulate Ora Ana Begjane
    Wis Arep Nemu Kebegjan Nanging Ora Sida
  • Ana Gula Ana Semut
    Panggonan Sing Ngrejekeni Mesthi Akeh Sing Nekani
  • Anak Polah Bapa Kepradah
    Wong Tuwa Nemu Reribed Amarga Saka Polahe Anak
  • Ancik-Ancik Pucuking Eri
    Wong Kang Tansah Sumelang Yen Keluputan
  • Anggutuk Lor Kena Kidul
    Ngangkah Marang Sawijining Wong Katibakake Marang Wong Liya
  • Angon Mangsa
    Golek Wektu Sing Prayoga
  • Angon Ulat Ngumbar Tangan
    Nyawang Kahanan Arep Nglimpe
  • Arep Jamure Emoh Watange
    Gelem Kepenake Ora Gelem Rekasane
  • Asu Arebut Balung
    Padu Rebutan Barang Sepele
  • Asu Gedhe Menang Kerahe
    Wong Sing Gedhe Pangkate Mesthi Luwih Gedhe Panguwasane
  • Asu Marani Gepuk
    Njarak Marani Bebaya
  • Ati Bengkong Oleh Oncong
    Duwe Niyat Ala Oleh Dalan

Paribasan, Bebasan, Lan Saloka – Kasusastraan

B

  • Baladewa Ilang Gapite
    Ilang Kaluhurane
  • Banyu Pinerang
    Pasulayane Sedulur Mesthi Enggal Pulihe
  • Bathang Lelaku
    Wong Lelungan Ngambah Panggonan Sing Mbebayani
  • Bathak Bolu Isi Madu
    Wong Asor Nanging Sugih Kapinteran
  • Bebek Mungsuh Mliwis
    Wong Pinter Mungsuh Wong Pinter
  • Becik Ketitik Ala Ketara
    Becik Ala Bakal Ketara Ing Tembe Mburine
  • Belo Melu Seton
    Mung Melu-Melu Bae Ora Ngerti Karepe
  • Beras Wutah Orang Mulih Marang Takere
    Samu Barang Kang Wis Owah Arang Bisa Pulih Kaya Maune
  • Mbidhung Apirowang
    Arep Ngrewangi Malah Ngrusuhi
  • Blaba Wuda
    Saking Lamone Nganti Uripe Kacingkrangan
  • Blilu Tau Pinter Durung Nglakoni
    Senajan Durung Mangerti Nanging Wis Bisa Nglakoni
  • Bubuk Oleh Leng
    Duwe Niyat Ala Oleh Dalan
  • Buru Uceng Kelangan Dheleg
    Mburu Barang Sepele Kelangan Barang Sing Aji
  • Busuk Ketekuk Pinter Keblinger
    Bodho Lan Pinter Padha Dene Nemoni Cilaka
  • Mbuwang Tilas
    Nutupi Patrape Ethok-Ethok Nyambut Gawe Liya
  • Bung Pring Petung
    Bocah Sing Gelis Gedhe
  • Buntel Kadhut Ora Nginang Ora Udud
    Wong Nyambut Gawe Borongan, Ora Oleh Mangan Lan Rokok

C

  • Car-Cor Kaya Kurang Janganan
    Guneme Waton Metu Tanpa Dipikir Dhisik
  • Cathok Gawel
    Ora Diajak Rembugan Nanging Melu-Melu Ngrembug
  • Cebol Nggayuh Lintang
    Duwe Kekarepan Sing Mokal Bakal Kelakon
  • Cecak Nguntal Empyak
    Gegayuhan Sing Ora Timbang Karo Kekuwatane
  • Cedhak Celeng Boloten (Cedhak Kebo Gupak)
    Cedhak Karo Wong Ala Njalari Katut Ala
  • Cincing-Cincing Meksa Klebus
    Rekane Arep Ngirit Nanging Meksa Entek Akeh
  • Ciri Wanci Lelai Ginawa Mati
    Pakulinan Ilange Menawa Wis Mati
  • Criwis Cawis
    Akeh Alesan Nanging Gelem Nindakake
  • Cuplak Andheng-Andheng Ora Prenah Panggonane Bakal Disingkirake
    Samubarang Kang Njalani Ala Prayogane Disingkirake

Bebasan, Paribasan, Lan Saloka Bahasa Jawa

D

  • Dadia Suket Suthik Nyenggut
    Emoh Sapa Aruh
  • Dahwen Ati Open
    Nacad Sejatine Melik
  • Dhandhang Diunekake Kuntul, Kuntul Diunekake Ndhandhang
    Ala Diunakake Apik – Apik Diunikake Ala
  • Desa Mawa Cara, Negara Mawa Tata
    Saben Panggonan Duwe Cara Dhewe-Dhewe
  • Dhemit Ora Dhulit Setan Ora Doyan
    Tansah Ginanjar Slamet, Ora Ana Reribed
  • Digarokake Dilukokake
    Dikon Nyambut Gawe Abot
  • Dikena Iwake Aja Nganti Buthek Banyune
    Bisa Kaleksanan Karepe Tanpa Gawe Gendra
  • Dipalangana Mlumpat, Ditalenana Medhot
    Ora Kena Dipenggak
  • Diwenehi Ati Ngrogoh Rempela
    Diwenehi Sethithik Njaluk Sing Akeh
  • Dom Sumurup Ing Banyu
    Laku Samar
  • Dudu Berase Ditempurake
    Nyambungi Guneme Liyan Nanging Ora Gathuk
  • Dudu Sanak Dudu Kadang, Yen Mati Melu Kelangan
    Senajan Wong Liya, Yen Ana Rekasane Melu Ngrasakake
  • Dudutan Lan Anculan
    Padha Kethikan, Sing Siji Api-Api Ora Ngerti
  • Durung Ilang Puput Lempunyange
    Dipadhakake Bocah Cilik, Durung Dianggep Dewasa

E

  • Eman-Eman Ora Keduman
    Rekane Welas Nanging Rugi
  • Emban Cidhe Emban Siladan
    Siji Lan Sijine Ora Padha Pangrengkuhe (Ora Adil)
  • Embat-Embat Clarat
    Nyambut Gawe Sing Ngati-Ati Banget
  • Emprit Abuntut Bedhug
    Prakara Sepele Dadi Gedhe
  • Endhas Gundhul Dikepeti
    Wis Kepenak Ditambahi Luwih Kepenak Maneh
  • Endhas Pethak Ketiban Empyak
    Nemahi Kesusahan Bola-Bali
  • Enggon Welud Didodoli Udhet
    Panggonane Wong Pinter, Dipameri Kepinteran
  • Entek Golek Kurang Amek
    Olehe Ngenen-Uneni Sakatoge
  • Entek Jarake
    Entek Kasugihane
  • Esuk Dhele Sore Tempo
    Ora Teteg Atine (Mencla-Mencle)

Bebasan Lan Saloka – Kasusastraan

G

  • Gagak Nganggo Laring Merak
    Wong Asor Duwe Tumindak Kaya Wong Luhur
  • Gajah Alingan Suket Teki
    Lair Karo Batine Beda Banget, Mesthi Bakal Ketara
  • Nggajah Elar
    Sarwa Gedhe Lan Santosa Kekarepane
  • Gajah Ngidak Rapah
    Wong Sing Nrajang Wewalere Dhewe
  • Gajah Tumbuk, Kancil Mati Tengah
    Wong Gedhe Padha Padudon, Wong Cilik Sing Sengsara
  • Garang Garing
    Umuk Sugih Nanging Sejatine Kacingkrangan
  • Gawe Luwangan,Ngurugi Luwangan
    Golek Utang Kanggo Nyaur Ulang
  • Nggayuh Nggayuh Luput
    Samubarang Sing Dijangka Ora Kaleksanan Sedyane
  • Genthong Umos
    Ora Bisa Nyimpen Wadi
  • Giri Lusi Janma Tan Kena Ingina
    Ora Ken Angina Marang Wong Liya
  • Gliyak-Gliyak Tumindak Sareh Pakoleh
    Alon-Alon Olehe Tumindak, Nanging Kaleksanan Sedyane
  • Golek Banyu Bening
    Golek Pitutur Sing Becik
  • Golek-Golek Ketanggor Wong Luru-Luru
    Karepe Arep Golek-Golek Malah Dijaluki
  • Golek Uceng Kelangan Dheleg
    Golek Sethithik Malah Kelangan Akeh
  • Gong Lumaku Tinabuh
    Wong Kang Kumudu-Kudu Ditakoni
  • Gumembrang Ora Adang
    Entek-Entekan, Wis Ora Ana Babar Pisan
  • Gupak Pulut Ora Mangan Nangkane
    Melu Rekasane Ora Melu Kepenake

I

  • Idu Didilat Maneh
    Njabel Gunem Sing Wis Kawetu
  • Iwak Klebu Ing Wuwu
    Kena Apus Sarana Gampang Banget

J

  • Njagakake Endhoke Si Blorok
    Njagakake Barang Sing Durung Mesthi
  • Njajah Desa Milang Kori
    Lelungan Menyang Ngendi-Endi
  • Jalma Angkara Mati Murka
    Nemu Bilahi Jalaran Saka Murka
  • Jalukan Ora Wewehan
    Seneng Njaluk Nanging Ora Gelem Weweh
  • Jaran Krubuhan Empyak
    Wong Sing Wis Kapok Banget
  • Jarit Luwas Ing Sampiran
    Wong Duwe Kapinteran Nanging Ora Digunakake
  • Jati Ketlusuban Ruyung
    Golongane Wong Becik Kelebon Ala
  • Jer Basuki Mawa Baya
    Kabeh Gegayuhan Mbutuhkake Wragad
  • Njujul Wuwul
    Prakara Sing Ngundhak-Undhaki Rekasa
  • Njunjung Ngentebake
    Ngalembana Nanging Niyate Ngasorake

Saloka lan Bebasan – Kasusastraan

K

  • Kacang Mangsa Ninggala Lanjaran
    Kalakuwane Anak, Akeh-Akehe Niru Wong Tuwane
  • Kadang Konang
    Ngakoni Sadulur Mung Karo Sing Sugih-Sugih
  • Kakehan Gludhuk Kurang Udan
    Kakehan Omong Nanging Ora Ana Buktine
  • Kalah Cacak Menang Cacak
    Embuh Kalah Embuh Menang Wani Nyoba
  • Kandhang Langit Kemul Mega
    Wong Sing Ora Duwe Papan Panggonan
  • Karubyung Kabotan Pinjung Sarwa
    Wong Wadon Iku Anane Ribed
  • Katepang Ngrangsang Gunung
    Kegedhen Panjangan Mokal Bakal Kelakon
  • Katon Cempaka Sewakul
    Disenengi Wong Akeh
  • Kaya Banyu Karo Lenga
    Paseduluran Sing Ora Bisa Rukun
  • Kaya Dhayang Oleh Kedhung
    Nglakoni Gaweyan Sing Cocok Karo Atine
  • Kaya Wedhus Diumbar Ing Kacangan
    Kesenengan Amarga Nemoni Apa Sing Dibutuhkake
  • Kebat Kliwat Gancang Pincang
    Yen Tumindak Sarwo Kesusu Asile Ora Becik
  • Kebanjiran Segera Madu
    Nemoni Kebegjan Sing Gedhe Banget
  • Kebo Llang Tombong Kandhang
    Wis Kelangan Isih Tombok Maneh
  • Kebo Bule Mati Setra
    Wong Pinter Nanging Ora Ana Sing Mbutuhkake
  • Kebo Kabotan Sungu
    Wong Tuwa Sing Rekasa Amarga Kakehan Anak
  • Kebo Lumumpat Ing Palang
    Ngadili Prekara Ora Nganggo Wewaton
  • Kebo Mulih Menyang Kandhange
    Wong Lunga Bali Meneh Menyang Asale
  • Kebo Nusu Gudel
    Wong Tuwa Njaluk Wuruk Marang Wong Enom
  • Kegedhen Empyak Kurang Cagak
    Kegedhen Kekarepan Nanging Ora Sembada
  • Kejugrugan Gunung Menyan
    Nemu Kebegian Gedhe Banget
  • Kekudhung Walulang Macan
    Ngapusi Wong Sarana Njaluk Tulung Marang Wong Sing Dipercaya Dening Wong Sing Ngapusi
  • Kelacak Kepathak
    Wis Ora Bisa Selak Amarga Kabukten
  • Kemladeyan Ngajak Sempal
    Wong Manut Marakake Rusak
  • Kena Iwake Aja Buthek Banyune
    Bisa Kelakon Kekarepane Nanging Ora Gawe Rame
  • Kendel Ngningkel Dhadhag Ora Godag
    Ngakune Kendel Lan Pinter Jebule Jirih Tur Bodho
  • Kencana Katon Wingka
    Senajan Apik Tetep Ora Seneng
  • Kenes Ora Ethes
    Sugih Hanging Bodho
  • Keplok Ora Tombok
    Melu Seneng Nanging Ora Wragad
  • Kere Munggah Bale
    Wong Asor Didadekake Wong Mulya
  • Kere Nemoni Malem
    Wong Kang Bedhigasan
  • Paribasan, Bebasan, Lan Saloka – Kasusastraan

  • Kerot Ora Duwe Untu
    Duwe Kekarepan Nanging Ora Dawe Wragad
  • Karubuhan Gunung
    Nemoni Kasusahan Sing Gedhe Banget
  • Kesandhung Ing Rata
    Nemu Bebaya Sing Ora Dinyana-Nyana
  • Katepang Ngrangsang Gunung
    Njangka Prakara Sing Mokal Kelakone
  • Ketiban Awu Anget
    Ora Ngerti Apa-Apa Didakwa
  • Ketula-Tula Ketail
    Tansah Nandhang Rekasa
  • Kethek Saranggon
    Wong Ala Segrombolan
  • Klenthing Wadhah Masin
    Wong Sing Kulina Laku Ala, Senajan Dimareni Kala Mangsane Isih Nglakoni Ala
  • Kleyang Kabur Kanginan
    Wong Urip Sing Kalunta-Lunta
  • Kongsi Jambul Uwanan
    Nganti Tuwa Banget
  • Krokot Ing Galeng
    Wong Sing Mlarat Banget
  • Kriwikan Dadi Grojogan
    Prakara Cilik Dadi Gedhe
  • Kumenthus Ora Pecus
    Doyan Umuk Nanging Ora Sembada
  • Kuncung Nganti Gelung
    Suwe Banget Ora Netepi Janji
  • Kurung Munggah Lumbung
    Batur Dipek Bojo Bendarane
  • Kutuk Nggendhong Kemiri
    Nyandhang Sarwa Aji Ngliwati Papan Sing Gawat
  • Kutuk Marani Sunduk
    Njarak Marang Bebaya

L

  • Ladak Kecangklak
    Wong Angkuh Nemahi Cilaka Amarga Polahe Dhewe
  • Lahan Karoban Manis
    Rupa Bagus (Ayu) Tur Luhur Bebudene
  • Lambe Satumang Kari Samerang
    Oleh Pitutur Bola-Ball Ora Digape
  • Lanang Kemangi
    Wong Lanang Sing Jirih
  • Legan Golek Momongan
    Wong Sing Kepenak Golek Rekasa
  • Lumpuh Ngideri Jagad
    Duwe Kekarepan Sing Mokal Kelakone

M

  • Madu Balung Tanpa Isi
    Padudon Amarga Barang Sepele
  • Maju Tatu Mundur Ajur
    Kabeh Budidayane Ora Hasil
  • Matang Tuna Numbak Luput
    Tansah Luput Kekarepane
  • Meneng Widara Uleran
    Wong Sing Laire Katon Anteng Nanging Ala Atine
  • Menthung Koja Kena Sembagine
    Karepe Ngapusi Malah Kapusan
  • Merangi Tatal
    Mentahake Rembug Sing Wis Dadi
  • Mikul Dhuwur Mendhem Jero
    Njunjung Drajade Wong Tuwa
  • Milih-Milih Tebu Oleh Boleng
    Amarga Kakehan Pilihan Wusanane Oleh Sing Ala
  • Mrojol Selaning Garu
    Kalis Ing Sambekala
  • Mubra-Mubru Blabur Madu
    Sarwa Kecukupan

Paribasan lan Bebasan – Kasusastraan

N

  • Nabok Nyilih Tangan
    Nindakake Tumindak Ala Sarana Kongkonan
  • Nambang Laku
    Ethok-Ethok Ora Ngerti
  • Nucuk Ngiberake
    Disuguh Mulihe Mbrekat
  • Nututi Layangan Pedhot
    Ngupaya Barang Sepele Sing Wis Ilang
  • Ngagar Metu Kawul
    Ngojok-Ngojoki Supaya Dadi Pasulayan
  • Ngalasake Negara
    Ora Manut Pranatan Negara
  • Ngalem Legining Gula
    Nyebut Kaluwihane Wong Liya
  • Ngaturake Kidang Lumayu
    Nuduhake Gegayuhan Sing Angel Kecekel
  • Ngemut Legining Gula
    Bareng Karasa Kepenak Lali Marang Asale
  • Ngenteni Timbale Watu Item
    Ngenteni Barang Sing Tangeh Kelakon
  • Nglungguhi Klasa Gumelar
    Nemu Kepenake Tanpa Melu Rekasane
  • Ngontragage Gunung
    Wong Asor Bisa Ngalahake Wong Luhur
  • Nguthik-Uthik Macan Dhedhe
    Gawe Nesune Wong
  • Nguyahi Segara
    Tandang Gawe Sing Muspra
  • Nyangoni Kawula Minggat
    Ndandani Barang Sing Pijer Rusak
  • Nyolong Pethek
    Ora Dinyana-Nyana
  • Nyunggi Lumpang Kentheng
    Munggah Drajad Nanging Ora Ana Pametuhe

O

  • Obah Ngarep Kobet Mburi
    Solah Bawane Wong Gedhe Dadi Panutane Wong Cilik
  • Opor Bebek Mentas Awak Dhewek
    Mentas Saka Rekadayane Dhewe
  • Othak-Athik Didudut Angel
    Rembuge Sajake Kepenak Bareng Ditenani Jebul Angel
  • Ora Ana Banyu Mili Mendhuwur
    Watake Anak Mesthi Niru Wong Tuwane
  • Ora Ana Kukus Tanpa Geni
    Ora Ana Sebab Tanpa Musahab
  • Ora Ganja Ora Unus
    Ala Samubarange
  • Ora Ngerti Kethang Kimpule
    Ora Ngerti Jalarane Prekara
  • Ora Mambu Enthong Irus
    Dudu Sanak Dudu Kadang
  • Ora Tembung Ora Lawung
    Njupuk Barang Tanpa Nembung Dhisik
  • Ora Uwur Ora Sembur
    Ora Gelem Cawe-Cawe Sethithik Bae

P

  • Pager Mangan Landuran
    Dipercaya Malah Ngrusak
  • Pandengane Karo Srengengene
    Mungsuh Karo Wong Kuwasa
  • Pandhitaning Antake
    Laire Suci, Nanging Batine Reged
  • Pitik Trondhol Diumbar Ing Padaringan
    Wong Ala Dipasrahi Tunggu Barang Aji
  • Petruk Tunggu Bara
    Dipasrahi Sing Dadi Kesenengane
  • Pupur Sawise Benjut
    Ngati-Ati Sawise Kebajut Kelakon

Kasusastraan Paribasan, Bebasan, Lan Saloka

R

  • Rampek-Rampek Kethek
    Nyedhak-Nyedhak Mung Arep Gawe Kapitunan
  • Rawe-Rawe Rantas Malang-Malang Putung
    Kabeh Sing Ngalang-Alangi Disingkirake
  • Rebut Balung Tanpa Isi, Rebut Kemiri Kopong
    Padudon Rebutan Barang Sepele
  • Rindhik Asu Digithik
    Dikongkon Nglakoni Gaweyan Sing Cocok Karo Kekarepane
  • Rukun Agawe Santosa, Crah Agawe Bubrah
    Kerukunan Ndadekke Sentosa, Congkrah Ndadekake Karusakan

S

  • Sabaya Pati Sabaya Mukti
    Rukun Nganti Tekan Pati
  • Sadumuk Bathuk Sanyari Bumi
    Nglabuhi Pati Marang Bebener
  • Sapa Salah Sale
    Sapa Sing Salah Bakal Kalah
  • Satru Munggwing Cangklakan
    Mungsuh Kang Isih Sedulur
  • Sedhakep Ngawe-Awe
    Mareni Tumindak Ala, Nanging Isih Kepingin Tumindak Maneh
  • Sembur-Sembur Adas, Siram-Siram Bayem
    Bisa Kaleksanan Marga Dongane Wong Akeh
  • Sepi Ing Pamrih Rame Ing Gawe
    Tumandang Gawe Tanpa Duwe Melik
  • Sluman-Slumun Slamet
    Tandang Tanduke Tansah Ngati-Ati
  • Sumur Lumaku Tinimba
    Nawak-Nawake Ilmu Supa Diangsu

T

  • Tebu Tuwuh Socane
    Prekara Sing Wis Becik Dadi Bubrah Marga Dirusuhi
  • Tekek Mati Ing Ulone
    Nemahi Cilaka Amarga Saka Guneme Dhewe
  • Tembang Rawat-Rawat, Ujare Bakul Sinamberawa
    Kabar Sing Durung Mesthi Bener Lupute
  • Thenguk-Thengukake Klumpuk
    Wis Kepenak Tambah Kepenak Maneh
  • Trenggiling Api Mati
    Sejatine Ngrungokake Nanging Ethok-Ethok Ora Merduli
  • Timun Jinara
    Samubarang Sing Gampang Banget
  • Timun Mungsuh Duren
    Wong Ringkih Mungsuh Wong Kuwat
  • Timun Wungkuk Jaga Imbuh
    Mung Kanggo Jagan Yen Enek Kurange
  • Tinggal Glanggang Colong Playu
    Keplayu Saka Tanggung Jawab
  • Tulung Menthung
    Katone Nulung Nanging Marahi Susah
  • Tumbak Cucukan
    Seneng Adul-Adul
  • Tumbu Oleh Tutup
    Wong Kekancan Sing Cocok Banget
  • Tuna Sathak Bathi Sanak
    Rugi Bandha Nanging Bathi Sedulur
  • Tunggak Jarak Mrajak, Tunggak Jati Mati
    Turune Wong Cilik Dadi Wong Gedhe, Turune Wong Gedhe Dadi Wong Cilik
  • Tunggak Banyu
    Tunggal Ngelmu, Tunggal Banyu
  • Tunggak Welat
    Sedulur Sinarawedi
  • Tut Wuri Handayani
    Menehi Katonggaran Lan Uga Menehi Pepeling Amrih Becik

Peribahasa Dalam Bahasa Jawa

U

  • Ula Marani Gepuk
    Njarak Marang Bebaya
  • Ulat Madhep Ati Karep
    Wis Mantep Banget
  • Undhaking Pawarta Sudaning Kiriman
    Pawarta Iku Lumrahe Wis Beda Karo Nyatane
  • Ungak-Ungak Pager Arang
    Ngisin-Ngisine Pokal Gawene

W

  • Welas Tanpa Alis
    Aweh Rasa Welas Nanging Njalari Rekasane
  • Wis Kebak Sundukane
    Wong Sing Akeh Banget Kaluputane
  • Wiwit Kuncung Nganti Gelung
    Wiwit Cilik Nganti Tuwa

Y

  • Yitna Yuwana Lena-Lena
    Sing Ngati-Ati Slamet, Sing Sembrana Bakal Cilaka
  • Yuyu Rumpung Mbarong Ronge
    Omahe Katon Njenggarong Nanging Mlarat
  • Yiyidan Mungging Rampadan
    Maune Durjana Dadi Wong Alim
  • Yoga Anyangga Yogi
    Murid Nirokake Piwulange Gurune
  • Yuwana Mati Lena
    Wong Becik Nemoni Cilaka Amarga Kurang Ngati-Ati

Catatan Admin  Visit Klaten

NB: Jika dalam artikel ini ada yang kurang jelas atau belum paham maka silakan menanyakan ke guru bahasa jawa atau yang lebih mengetahui karena disini kami hanya sekedar berbagi saja.

Terima kasih telah mengunjungi website kami.

Share jika bermanfaat, jika ada kritik, tambahan atau saran silakan hubungi kami atau silakan isi di kolom komentar.

Referensi:
Buku Pepak Basa Jawa
id.wikipedia.org/wiki/Saloka
Background vector created by pikisuperstar - www.freepik.com

Postingan Terkait

Komentar

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This site is protected by reCAPTCHA and the Google Privacy Policy and Terms of Service apply.

The reCAPTCHA verification period has expired. Please reload the page.

Back To Top