Visit Klaten – Paribasan, Bebasan, Lan Saloka – Kasusastraan Bahasa Jawa. Bahasa Jawa (Basa Jawa) merupakan suatu bahasa Austronesia yang pada umumnya dituturkan oleh penduduk bersuku Jawa di wilayah bagian tengah dan bagian timur dari pulau Jawa. Yakni Jawa Tengah, Jawa Timur dan Yogyakarta.

Sebelumnya kami mengucapkan terima kasih yang sebesar-besarnya kepada para pengunjung visitklaten[dot]com. Yang telah meluangkan waktunya untuk mengunjungi website kami. Kami menerima segala masukkan dan kritikan agar web dan diri kami menjadi lebih baik lagi.
By The Way, web ini sebetulnya tentang wisata dan media tentang klaten. Namun tak ada salahnya apabila kami berbagi hal yang lainnya yang menurut kami akan bermanfaat khususnya bagi diri kami dan juga orang lain.
Karena ilmu jika dibagi bukannya berkurang namun malah akan terus bertambah. Tak lupa semoga juga bermanfaat bagi pengunjung visitklaten[dot]com.
Dalam kesempatan kali ini visitklatencom akan berbagi Tembung Ngoko, Krama Madya, Krama Inggil Bahasa Jawa. Data di bawah ini kami rangkum dan kami susun dari buku pepak basa jawa. Apabila dalam artikel ini sekiranya ada yang kurang jelas atau belum paham maka silakan menanyakan ke guru bahasa jawa atau yang lebih mengetahui karena disini kami hanya sekedar berbagi saja. Terima kasih.
Kasusastraan Paribasan, Bebasan, Lan Saloka
Menurut wikipedia : Paribasan, bebasan, dan saloka sebenarnya masih saling berkaitan karena ketiganya termasuk dalam kelompok peribahasa dalam bahasa Jawa. Ketiganya memiliki makna kiasan, sehingga tidak dapat dimaknai secara leksikal.
Perbedaan yang paling mendasar antara paribasan dengan bebasan dan saloka ialah di dalam paribasan menggunakan tembung wantah (kosakata murni) dan tidak memiliki ungkapan pengandaian. Sedangkan saloka sendiri mengandung ungkapan pengandaian dan yang diandaikan/diperumpamakan adalah orang tersebut dengan digambarkan sebagai hewan ataupun barang.
A
- Adigang, Adigung, Adiguna
Wong Sing Ngendelake Kekuwatan, Kaluhuran Lan Kapinterane - Adhang-Adhang Tetesing Embun
Njagakake Barang Mung Saolehe Bae - Aji Godhong Garing
Barang Kang Ora Nduwe Aji Babar Pisan - Ana Catur Mungkur
Ora Gelem Ngrungokake Rerasan Sing Ora Becik - Ana Dhaulate Ora Ana Begjane
Wis Arep Nemu Kebegjan Nanging Ora Sida - Ana Gula Ana Semut
Panggonan Sing Ngrejekeni Mesthi Akeh Sing Nekani - Anak Polah Bapa Kepradah
Wong Tuwa Nemu Reribed Amarga Saka Polahe Anak - Ancik-Ancik Pucuking Eri
Wong Kang Tansah Sumelang Yen Keluputan - Anggutuk Lor Kena Kidul
Ngangkah Marang Sawijining Wong Katibakake Marang Wong Liya - Angon Mangsa
Golek Wektu Sing Prayoga - Angon Ulat Ngumbar Tangan
Nyawang Kahanan Arep Nglimpe - Arep Jamure Emoh Watange
Gelem Kepenake Ora Gelem Rekasane - Asu Arebut Balung
Padu Rebutan Barang Sepele - Asu Gedhe Menang Kerahe
Wong Sing Gedhe Pangkate Mesthi Luwih Gedhe Panguwasane - Asu Marani Gepuk
Njarak Marani Bebaya - Ati Bengkong Oleh Oncong
Duwe Niyat Ala Oleh Dalan
Paribasan, Bebasan, Lan Saloka – Kasusastraan
B
- Baladewa Ilang Gapite
Ilang Kaluhurane - Banyu Pinerang
Pasulayane Sedulur Mesthi Enggal Pulihe - Bathang Lelaku
Wong Lelungan Ngambah Panggonan Sing Mbebayani - Bathak Bolu Isi Madu
Wong Asor Nanging Sugih Kapinteran - Bebek Mungsuh Mliwis
Wong Pinter Mungsuh Wong Pinter - Becik Ketitik Ala Ketara
Becik Ala Bakal Ketara Ing Tembe Mburine - Belo Melu Seton
Mung Melu-Melu Bae Ora Ngerti Karepe - Beras Wutah Orang Mulih Marang Takere
Samu Barang Kang Wis Owah Arang Bisa Pulih Kaya Maune - Mbidhung Apirowang
Arep Ngrewangi Malah Ngrusuhi - Blaba Wuda
Saking Lamone Nganti Uripe Kacingkrangan - Blilu Tau Pinter Durung Nglakoni
Senajan Durung Mangerti Nanging Wis Bisa Nglakoni - Bubuk Oleh Leng
Duwe Niyat Ala Oleh Dalan - Buru Uceng Kelangan Dheleg
Mburu Barang Sepele Kelangan Barang Sing Aji - Busuk Ketekuk Pinter Keblinger
Bodho Lan Pinter Padha Dene Nemoni Cilaka - Mbuwang Tilas
Nutupi Patrape Ethok-Ethok Nyambut Gawe Liya - Bung Pring Petung
Bocah Sing Gelis Gedhe - Buntel Kadhut Ora Nginang Ora Udud
Wong Nyambut Gawe Borongan, Ora Oleh Mangan Lan Rokok
C
- Car-Cor Kaya Kurang Janganan
Guneme Waton Metu Tanpa Dipikir Dhisik - Cathok Gawel
Ora Diajak Rembugan Nanging Melu-Melu Ngrembug - Cebol Nggayuh Lintang
Duwe Kekarepan Sing Mokal Bakal Kelakon - Cecak Nguntal Empyak
Gegayuhan Sing Ora Timbang Karo Kekuwatane - Cedhak Celeng Boloten (Cedhak Kebo Gupak)
Cedhak Karo Wong Ala Njalari Katut Ala - Cincing-Cincing Meksa Klebus
Rekane Arep Ngirit Nanging Meksa Entek Akeh - Ciri Wanci Lelai Ginawa Mati
Pakulinan Ilange Menawa Wis Mati - Criwis Cawis
Akeh Alesan Nanging Gelem Nindakake - Cuplak Andheng-Andheng Ora Prenah Panggonane Bakal Disingkirake
Samubarang Kang Njalani Ala Prayogane Disingkirake
Bebasan, Paribasan, Lan Saloka Bahasa Jawa
D
- Dadia Suket Suthik Nyenggut
Emoh Sapa Aruh - Dahwen Ati Open
Nacad Sejatine Melik - Dhandhang Diunekake Kuntul, Kuntul Diunekake Ndhandhang
Ala Diunakake Apik – Apik Diunikake Ala - Desa Mawa Cara, Negara Mawa Tata
Saben Panggonan Duwe Cara Dhewe-Dhewe - Dhemit Ora Dhulit Setan Ora Doyan
Tansah Ginanjar Slamet, Ora Ana Reribed - Digarokake Dilukokake
Dikon Nyambut Gawe Abot - Dikena Iwake Aja Nganti Buthek Banyune
Bisa Kaleksanan Karepe Tanpa Gawe Gendra - Dipalangana Mlumpat, Ditalenana Medhot
Ora Kena Dipenggak - Diwenehi Ati Ngrogoh Rempela
Diwenehi Sethithik Njaluk Sing Akeh - Dom Sumurup Ing Banyu
Laku Samar - Dudu Berase Ditempurake
Nyambungi Guneme Liyan Nanging Ora Gathuk - Dudu Sanak Dudu Kadang, Yen Mati Melu Kelangan
Senajan Wong Liya, Yen Ana Rekasane Melu Ngrasakake - Dudutan Lan Anculan
Padha Kethikan, Sing Siji Api-Api Ora Ngerti - Durung Ilang Puput Lempunyange
Dipadhakake Bocah Cilik, Durung Dianggep Dewasa
E
- Eman-Eman Ora Keduman
Rekane Welas Nanging Rugi - Emban Cidhe Emban Siladan
Siji Lan Sijine Ora Padha Pangrengkuhe (Ora Adil) - Embat-Embat Clarat
Nyambut Gawe Sing Ngati-Ati Banget - Emprit Abuntut Bedhug
Prakara Sepele Dadi Gedhe - Endhas Gundhul Dikepeti
Wis Kepenak Ditambahi Luwih Kepenak Maneh - Endhas Pethak Ketiban Empyak
Nemahi Kesusahan Bola-Bali - Enggon Welud Didodoli Udhet
Panggonane Wong Pinter, Dipameri Kepinteran - Entek Golek Kurang Amek
Olehe Ngenen-Uneni Sakatoge - Entek Jarake
Entek Kasugihane - Esuk Dhele Sore Tempo
Ora Teteg Atine (Mencla-Mencle)
Bebasan Lan Saloka – Kasusastraan
G
- Gagak Nganggo Laring Merak
Wong Asor Duwe Tumindak Kaya Wong Luhur - Gajah Alingan Suket Teki
Lair Karo Batine Beda Banget, Mesthi Bakal Ketara - Nggajah Elar
Sarwa Gedhe Lan Santosa Kekarepane - Gajah Ngidak Rapah
Wong Sing Nrajang Wewalere Dhewe - Gajah Tumbuk, Kancil Mati Tengah
Wong Gedhe Padha Padudon, Wong Cilik Sing Sengsara - Garang Garing
Umuk Sugih Nanging Sejatine Kacingkrangan - Gawe Luwangan,Ngurugi Luwangan
Golek Utang Kanggo Nyaur Ulang - Nggayuh Nggayuh Luput
Samubarang Sing Dijangka Ora Kaleksanan Sedyane - Genthong Umos
Ora Bisa Nyimpen Wadi - Giri Lusi Janma Tan Kena Ingina
Ora Ken Angina Marang Wong Liya - Gliyak-Gliyak Tumindak Sareh Pakoleh
Alon-Alon Olehe Tumindak, Nanging Kaleksanan Sedyane - Golek Banyu Bening
Golek Pitutur Sing Becik - Golek-Golek Ketanggor Wong Luru-Luru
Karepe Arep Golek-Golek Malah Dijaluki - Golek Uceng Kelangan Dheleg
Golek Sethithik Malah Kelangan Akeh - Gong Lumaku Tinabuh
Wong Kang Kumudu-Kudu Ditakoni - Gumembrang Ora Adang
Entek-Entekan, Wis Ora Ana Babar Pisan - Gupak Pulut Ora Mangan Nangkane
Melu Rekasane Ora Melu Kepenake
I
- Idu Didilat Maneh
Njabel Gunem Sing Wis Kawetu - Iwak Klebu Ing Wuwu
Kena Apus Sarana Gampang Banget
J
- Njagakake Endhoke Si Blorok
Njagakake Barang Sing Durung Mesthi - Njajah Desa Milang Kori
Lelungan Menyang Ngendi-Endi - Jalma Angkara Mati Murka
Nemu Bilahi Jalaran Saka Murka - Jalukan Ora Wewehan
Seneng Njaluk Nanging Ora Gelem Weweh - Jaran Krubuhan Empyak
Wong Sing Wis Kapok Banget - Jarit Luwas Ing Sampiran
Wong Duwe Kapinteran Nanging Ora Digunakake - Jati Ketlusuban Ruyung
Golongane Wong Becik Kelebon Ala - Jer Basuki Mawa Baya
Kabeh Gegayuhan Mbutuhkake Wragad - Njujul Wuwul
Prakara Sing Ngundhak-Undhaki Rekasa - Njunjung Ngentebake
Ngalembana Nanging Niyate Ngasorake
Saloka lan Bebasan – Kasusastraan
K
- Kacang Mangsa Ninggala Lanjaran
Kalakuwane Anak, Akeh-Akehe Niru Wong Tuwane - Kadang Konang
Ngakoni Sadulur Mung Karo Sing Sugih-Sugih - Kakehan Gludhuk Kurang Udan
Kakehan Omong Nanging Ora Ana Buktine - Kalah Cacak Menang Cacak
Embuh Kalah Embuh Menang Wani Nyoba - Kandhang Langit Kemul Mega
Wong Sing Ora Duwe Papan Panggonan - Karubyung Kabotan Pinjung Sarwa
Wong Wadon Iku Anane Ribed - Katepang Ngrangsang Gunung
Kegedhen Panjangan Mokal Bakal Kelakon - Katon Cempaka Sewakul
Disenengi Wong Akeh - Kaya Banyu Karo Lenga
Paseduluran Sing Ora Bisa Rukun - Kaya Dhayang Oleh Kedhung
Nglakoni Gaweyan Sing Cocok Karo Atine - Kaya Wedhus Diumbar Ing Kacangan
Kesenengan Amarga Nemoni Apa Sing Dibutuhkake - Kebat Kliwat Gancang Pincang
Yen Tumindak Sarwo Kesusu Asile Ora Becik - Kebanjiran Segera Madu
Nemoni Kebegjan Sing Gedhe Banget - Kebo Llang Tombong Kandhang
Wis Kelangan Isih Tombok Maneh - Kebo Bule Mati Setra
Wong Pinter Nanging Ora Ana Sing Mbutuhkake - Kebo Kabotan Sungu
Wong Tuwa Sing Rekasa Amarga Kakehan Anak - Kebo Lumumpat Ing Palang
Ngadili Prekara Ora Nganggo Wewaton - Kebo Mulih Menyang Kandhange
Wong Lunga Bali Meneh Menyang Asale - Kebo Nusu Gudel
Wong Tuwa Njaluk Wuruk Marang Wong Enom - Kegedhen Empyak Kurang Cagak
Kegedhen Kekarepan Nanging Ora Sembada - Kejugrugan Gunung Menyan
Nemu Kebegian Gedhe Banget - Kekudhung Walulang Macan
Ngapusi Wong Sarana Njaluk Tulung Marang Wong Sing Dipercaya Dening Wong Sing Ngapusi - Kelacak Kepathak
Wis Ora Bisa Selak Amarga Kabukten - Kemladeyan Ngajak Sempal
Wong Manut Marakake Rusak - Kena Iwake Aja Buthek Banyune
Bisa Kelakon Kekarepane Nanging Ora Gawe Rame - Kendel Ngningkel Dhadhag Ora Godag
Ngakune Kendel Lan Pinter Jebule Jirih Tur Bodho - Kencana Katon Wingka
Senajan Apik Tetep Ora Seneng - Kenes Ora Ethes
Sugih Hanging Bodho - Keplok Ora Tombok
Melu Seneng Nanging Ora Wragad - Kere Munggah Bale
Wong Asor Didadekake Wong Mulya - Kere Nemoni Malem
Wong Kang Bedhigasan -
Paribasan, Bebasan, Lan Saloka – Kasusastraan
- Kerot Ora Duwe Untu
Duwe Kekarepan Nanging Ora Dawe Wragad - Karubuhan Gunung
Nemoni Kasusahan Sing Gedhe Banget - Kesandhung Ing Rata
Nemu Bebaya Sing Ora Dinyana-Nyana - Katepang Ngrangsang Gunung
Njangka Prakara Sing Mokal Kelakone - Ketiban Awu Anget
Ora Ngerti Apa-Apa Didakwa - Ketula-Tula Ketail
Tansah Nandhang Rekasa - Kethek Saranggon
Wong Ala Segrombolan - Klenthing Wadhah Masin
Wong Sing Kulina Laku Ala, Senajan Dimareni Kala Mangsane Isih Nglakoni Ala - Kleyang Kabur Kanginan
Wong Urip Sing Kalunta-Lunta - Kongsi Jambul Uwanan
Nganti Tuwa Banget - Krokot Ing Galeng
Wong Sing Mlarat Banget - Kriwikan Dadi Grojogan
Prakara Cilik Dadi Gedhe - Kumenthus Ora Pecus
Doyan Umuk Nanging Ora Sembada - Kuncung Nganti Gelung
Suwe Banget Ora Netepi Janji - Kurung Munggah Lumbung
Batur Dipek Bojo Bendarane - Kutuk Nggendhong Kemiri
Nyandhang Sarwa Aji Ngliwati Papan Sing Gawat - Kutuk Marani Sunduk
Njarak Marang Bebaya
L
- Ladak Kecangklak
Wong Angkuh Nemahi Cilaka Amarga Polahe Dhewe - Lahan Karoban Manis
Rupa Bagus (Ayu) Tur Luhur Bebudene - Lambe Satumang Kari Samerang
Oleh Pitutur Bola-Ball Ora Digape - Lanang Kemangi
Wong Lanang Sing Jirih - Legan Golek Momongan
Wong Sing Kepenak Golek Rekasa - Lumpuh Ngideri Jagad
Duwe Kekarepan Sing Mokal Kelakone
M
- Madu Balung Tanpa Isi
Padudon Amarga Barang Sepele - Maju Tatu Mundur Ajur
Kabeh Budidayane Ora Hasil - Matang Tuna Numbak Luput
Tansah Luput Kekarepane - Meneng Widara Uleran
Wong Sing Laire Katon Anteng Nanging Ala Atine - Menthung Koja Kena Sembagine
Karepe Ngapusi Malah Kapusan - Merangi Tatal
Mentahake Rembug Sing Wis Dadi - Mikul Dhuwur Mendhem Jero
Njunjung Drajade Wong Tuwa - Milih-Milih Tebu Oleh Boleng
Amarga Kakehan Pilihan Wusanane Oleh Sing Ala - Mrojol Selaning Garu
Kalis Ing Sambekala - Mubra-Mubru Blabur Madu
Sarwa Kecukupan
Paribasan lan Bebasan – Kasusastraan
N
- Nabok Nyilih Tangan
Nindakake Tumindak Ala Sarana Kongkonan - Nambang Laku
Ethok-Ethok Ora Ngerti - Nucuk Ngiberake
Disuguh Mulihe Mbrekat - Nututi Layangan Pedhot
Ngupaya Barang Sepele Sing Wis Ilang - Ngagar Metu Kawul
Ngojok-Ngojoki Supaya Dadi Pasulayan - Ngalasake Negara
Ora Manut Pranatan Negara - Ngalem Legining Gula
Nyebut Kaluwihane Wong Liya - Ngaturake Kidang Lumayu
Nuduhake Gegayuhan Sing Angel Kecekel - Ngemut Legining Gula
Bareng Karasa Kepenak Lali Marang Asale - Ngenteni Timbale Watu Item
Ngenteni Barang Sing Tangeh Kelakon - Nglungguhi Klasa Gumelar
Nemu Kepenake Tanpa Melu Rekasane - Ngontragage Gunung
Wong Asor Bisa Ngalahake Wong Luhur - Nguthik-Uthik Macan Dhedhe
Gawe Nesune Wong - Nguyahi Segara
Tandang Gawe Sing Muspra - Nyangoni Kawula Minggat
Ndandani Barang Sing Pijer Rusak - Nyolong Pethek
Ora Dinyana-Nyana - Nyunggi Lumpang Kentheng
Munggah Drajad Nanging Ora Ana Pametuhe
O
- Obah Ngarep Kobet Mburi
Solah Bawane Wong Gedhe Dadi Panutane Wong Cilik - Opor Bebek Mentas Awak Dhewek
Mentas Saka Rekadayane Dhewe - Othak-Athik Didudut Angel
Rembuge Sajake Kepenak Bareng Ditenani Jebul Angel - Ora Ana Banyu Mili Mendhuwur
Watake Anak Mesthi Niru Wong Tuwane - Ora Ana Kukus Tanpa Geni
Ora Ana Sebab Tanpa Musahab - Ora Ganja Ora Unus
Ala Samubarange - Ora Ngerti Kethang Kimpule
Ora Ngerti Jalarane Prekara - Ora Mambu Enthong Irus
Dudu Sanak Dudu Kadang - Ora Tembung Ora Lawung
Njupuk Barang Tanpa Nembung Dhisik - Ora Uwur Ora Sembur
Ora Gelem Cawe-Cawe Sethithik Bae
P
- Pager Mangan Landuran
Dipercaya Malah Ngrusak - Pandengane Karo Srengengene
Mungsuh Karo Wong Kuwasa - Pandhitaning Antake
Laire Suci, Nanging Batine Reged - Pitik Trondhol Diumbar Ing Padaringan
Wong Ala Dipasrahi Tunggu Barang Aji - Petruk Tunggu Bara
Dipasrahi Sing Dadi Kesenengane - Pupur Sawise Benjut
Ngati-Ati Sawise Kebajut Kelakon
Kasusastraan Paribasan, Bebasan, Lan Saloka
R
- Rampek-Rampek Kethek
Nyedhak-Nyedhak Mung Arep Gawe Kapitunan - Rawe-Rawe Rantas Malang-Malang Putung
Kabeh Sing Ngalang-Alangi Disingkirake - Rebut Balung Tanpa Isi, Rebut Kemiri Kopong
Padudon Rebutan Barang Sepele - Rindhik Asu Digithik
Dikongkon Nglakoni Gaweyan Sing Cocok Karo Kekarepane - Rukun Agawe Santosa, Crah Agawe Bubrah
Kerukunan Ndadekke Sentosa, Congkrah Ndadekake Karusakan
S
- Sabaya Pati Sabaya Mukti
Rukun Nganti Tekan Pati - Sadumuk Bathuk Sanyari Bumi
Nglabuhi Pati Marang Bebener - Sapa Salah Sale
Sapa Sing Salah Bakal Kalah - Satru Munggwing Cangklakan
Mungsuh Kang Isih Sedulur - Sedhakep Ngawe-Awe
Mareni Tumindak Ala, Nanging Isih Kepingin Tumindak Maneh - Sembur-Sembur Adas, Siram-Siram Bayem
Bisa Kaleksanan Marga Dongane Wong Akeh - Sepi Ing Pamrih Rame Ing Gawe
Tumandang Gawe Tanpa Duwe Melik - Sluman-Slumun Slamet
Tandang Tanduke Tansah Ngati-Ati - Sumur Lumaku Tinimba
Nawak-Nawake Ilmu Supa Diangsu
T
- Tebu Tuwuh Socane
Prekara Sing Wis Becik Dadi Bubrah Marga Dirusuhi - Tekek Mati Ing Ulone
Nemahi Cilaka Amarga Saka Guneme Dhewe - Tembang Rawat-Rawat, Ujare Bakul Sinamberawa
Kabar Sing Durung Mesthi Bener Lupute - Thenguk-Thengukake Klumpuk
Wis Kepenak Tambah Kepenak Maneh - Trenggiling Api Mati
Sejatine Ngrungokake Nanging Ethok-Ethok Ora Merduli - Timun Jinara
Samubarang Sing Gampang Banget - Timun Mungsuh Duren
Wong Ringkih Mungsuh Wong Kuwat - Timun Wungkuk Jaga Imbuh
Mung Kanggo Jagan Yen Enek Kurange - Tinggal Glanggang Colong Playu
Keplayu Saka Tanggung Jawab - Tulung Menthung
Katone Nulung Nanging Marahi Susah - Tumbak Cucukan
Seneng Adul-Adul - Tumbu Oleh Tutup
Wong Kekancan Sing Cocok Banget - Tuna Sathak Bathi Sanak
Rugi Bandha Nanging Bathi Sedulur - Tunggak Jarak Mrajak, Tunggak Jati Mati
Turune Wong Cilik Dadi Wong Gedhe, Turune Wong Gedhe Dadi Wong Cilik - Tunggak Banyu
Tunggal Ngelmu, Tunggal Banyu - Tunggak Welat
Sedulur Sinarawedi - Tut Wuri Handayani
Menehi Katonggaran Lan Uga Menehi Pepeling Amrih Becik
Peribahasa Dalam Bahasa Jawa
U
- Ula Marani Gepuk
Njarak Marang Bebaya - Ulat Madhep Ati Karep
Wis Mantep Banget - Undhaking Pawarta Sudaning Kiriman
Pawarta Iku Lumrahe Wis Beda Karo Nyatane - Ungak-Ungak Pager Arang
Ngisin-Ngisine Pokal Gawene
W
- Welas Tanpa Alis
Aweh Rasa Welas Nanging Njalari Rekasane - Wis Kebak Sundukane
Wong Sing Akeh Banget Kaluputane - Wiwit Kuncung Nganti Gelung
Wiwit Cilik Nganti Tuwa
Y
- Yitna Yuwana Lena-Lena
Sing Ngati-Ati Slamet, Sing Sembrana Bakal Cilaka - Yuyu Rumpung Mbarong Ronge
Omahe Katon Njenggarong Nanging Mlarat - Yiyidan Mungging Rampadan
Maune Durjana Dadi Wong Alim - Yoga Anyangga Yogi
Murid Nirokake Piwulange Gurune - Yuwana Mati Lena
Wong Becik Nemoni Cilaka Amarga Kurang Ngati-Ati
Catatan Admin Visit Klaten
NB: Jika dalam artikel ini ada yang kurang jelas atau belum paham maka silakan menanyakan ke guru bahasa jawa atau yang lebih mengetahui karena disini kami hanya sekedar berbagi saja.
Terima kasih telah mengunjungi website kami.
Share jika bermanfaat, jika ada kritik, tambahan atau saran silakan hubungi kami atau silakan isi di kolom komentar.