Tegese Wangsalan lan Tuladhane

Avatar for visitklaten
18 Oktober 2022
Tegese Wangsalan lan Tuladhane

Visit Klaten – Tegese Wangsalan lan Tuladhane. Wangsalan (Carakan: ꦮꦁꦱꦭ꧀ꦭꦤ꧀) merupakan kalimat tebak-tebakan dalam bahasa Jawa yang hampir mirip dengan cangkriman.

Tegese Wangsalan lan Tuladhane

Ciri utama yang membedakan wangsalan dengan cangkriman ialah bahwa wangsalan memiliki petunjuk untuk menjawab batangan atau tebusannya di dalam kalimat pertanyaannya.

Tegese Wangsalan lan Tuladhane

1. Wangsalan Sajroning Pacelathon

Contoh Wangsalan Sajroning Pacelathon

  1. Njanur gunung, kadingaren dolan mrene
    (Janur gunung: aren)
  2. Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges
    (rokok cendhak: tegesan)
  3. Njenang gula Iho, aja lali
    (jenang gula: glali)
  4. Nggodhong garing, esuk-esuk kok wis nglaras
    (godhong garing: klaras)
  5. Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti
    (balung klapa: bathok)
  6. Balung geni, mbok menawa aku ora bisa teka
    (balung geni: mawa)
  7. Balung janur, sida lunga apa ora?
    (balung janur: sada)
  8. Balung pakel, aja seneng alok-alok !
    (balung pakel: pelok)
  9. Balung klapa, ethok-ethokan wae
    (balung klapa: bathok)
  10. Balung jagung, punika sampun dados tanggel jawab kula
    (balung jagung : janggel)
  11. Nyaron bumbung, nganti cengklungan olehku ngenteni
    (saron bumbung: angklung)
  12. Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir.
    (Jangan gori: gudheg)
  13. Kendhil dawa, enggal ditandangi.
    (kendhil dawa: dandang)
  14. Mutra bebek, kawit mau mung wira-wiri wae.
    (putra bebek: meri)
  15. Mrica kecut, yen mung muni pancen gampang.
    (mrica kecut: wuni)
  16. Sarung jagung, abot entheng taklakonane.
    (sarung jagung: klobot)
  17. Bocah kok mentil kacang, tansah mbesengut bae.
    (pentil kacang: besengut)
  18. Sekar aren, sampun dangu-dangu.
    (sekar aren: dangu)
  19. Reca kayu, goleka kawruh rahayu.
    (reca kayu: golekan)
  20. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
    (Roning mlinjo: so)
  21. Wohing tanjung, becik njunjung bapa biyung.
    (woh tanjung: kecik)
  22. Kapi jarwa, dak pethek mangsa wurunga
    (kapi jarwa: kethek)
  23. Kukus gantung, dak sawang kok sajake bingung
    (kukus gantung: sawang)
  24. Kembang jambu, kemaruk duwe sepedha anyar.
    (kembang jamu: karuk)
2. Wangsalan Edi Peni

Contoh Wangsalan Edi Peni

  1. Ancur kaca, kaca kocak munggwing netra
    Wong wruh rasa, tan mamak ing tata karma
    (ancur kaca : rasa, kaca kocak munggwing netra: tesmak)
  2. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra
    Ora gampang wong urip ing alam ndonya
    (carang wreka: pang)
    (wreksa wills tanpa patra: wit kayu urip)
  3. Kolik priya, wanara Anjani putra
    Tuhu eman, wong anaom wedi kangelan.
    (kolik priya: tuhu, wanara Anjani putra: anoman)
  4. Yaksa dewa, dewa dewi lir danawa
    Kala mudha, bangkit ambengkas durmaga.
    (yeksa dewa: Bethara kala)
    (dewa dewi lir danawa: Bethari Durga)
  5. Roning kamal, putrane Pandhita Duma
    Mumpung enom, ngudia laku utama
    (ron kamal: sinom, putrane Pandhita Duma: Aswatama)
  6. Witing Kalapa jawata ing ngarcapada
    Salugune, wong sinau aja sembrana
    (wit klapa: glugu, jawata ing ngarcapada: wong)
3. Wangsalan Wujud Tembang

Contoh Wangsalan Wujud Tembang

Kinanthi

Kinanthi linging pitutur
Kenthang rambat menyan putih,
Awasna dipun pratela,
Noleha wiranging wuri,
Cecangkok wohing kalapa,
Kang dadi pathoking uri

Kenthang rambat : telo
Menyan putih : wirang
Cecongkak wohing kalapa : bathok

Pangkur

Singgang gung kang piniyara,
Mardi siswa kakawinireng estri,
Wineh winulangaken wadu,
Peputhut mong Pregiwa,
Kang sumewa pasewakaning kalangun,
Pangrantamireng pradangga,
Sesendhonan genti-genti.

Singgang gung kang piniyara : winih
Mardi siswa : mulang
kakawinireng estri : wadu
Peputhut mong Pregiwa : janaloka
Pangrantamireng pradangga : sendhon

 

Catatan Admin  Visit Klaten

NB: Jika dalam artikel ini ada yang kurang jelas atau belum paham maka silakan menanyakan ke guru bahasa jawa atau yang lebih mengetahui karena disini kami hanya sekedar berbagi saja.

Terima kasih telah mengunjungi website kami.

Share jika bermanfaat, jika ada kritik, tambahan atau saran silakan hubungi kami atau silakan isi di kolom komentar.

Referensi:
Buku Pepak Basa Jawa
https://id.wikipedia.org/wiki/Wangsalan
Image by freepik

Postingan Terkait

Komentar

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This site is protected by reCAPTCHA and the Google Privacy Policy and Terms of Service apply.

The reCAPTCHA verification period has expired. Please reload the page.

Back To Top