Tegese Cangkriman, Wujud lan Tuladhane

Avatar for visitklaten
17 Oktober 2022
Tegese Cangkriman, Wujud lan Tuladhane

Visit Klaten – Tegese Cangkriman, Wujud lan Tuladhane. Cangkriman (Carakan: ꦕꦁꦏꦿꦶꦩ꧀ꦩꦤ꧀) merupakan kalimat teka-teki bahasa Jawa yang maksudnya harus dibatang atau ditebak. Cangkriman disebut juga badhéan atau bedhékan.

Tegese Cangkriman, Wujud lan Tuladhane

Tegese Cangkriman, Wujud lan Tuladhane

1. Cangkriman Wancah

Cangkriman wancah yaiku cangkriman ingkang awujud wewancahaning tembung-tembung. Wancah tegesipun cekak, wancahan ateges cekakan.

Contoh Cangkriman Wancah

  1. Pak boletus : tepak kebo lelene status
  2. Bumas kopen : bubur panas kokopen
  3. Pindhang kileng :sapi nang kandhang, khaki mentheleng
  4. Wiwa wite, lesbo dhonge, karwa pake : uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake
  5. Pak lawa : tepa ula dawa
  6. Bot ginawa entheng, theng ginowo bot : klobot ginawa entheng gentheng ginawa abot
  7. Surles pedheg werweran : susur teles dipepe nang gedheg jewer-jeweran

2. Cangkriman Pepindan

Cangkriman pepindhan punika cangkriman ingkang kajumbuhaken kaliyan pepiribaning barang. Pindha ateges kaya, kadi, kadya, lir, pendah. Cangkriman pepindhan uga diarani irib-irib.

Contoh Cangkriman Pepindan

  1. Pitik walik saba kebon. (nanas)
  2. Sega sakepel dirubung tinggi. (salak)
  3. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong. (kates)
  4. Pitik walik saba meja. (sulak, kemucing)
  5. Emboke dielus-elus anak diidak-idak. (andha)
  6. Gajah nguntal sangkrah. (pawon)
  7. Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran (undhuh kambil)
  8. Kebo bule cancang merang. (buntil)
  9. Disuguh opak angin. (ora disuguh apa-apa)
  10. Anake gelungan ibune ngrembyang. (pakis)
  11. Wis gedhe kok ngguyu tawa. (nangis)
  12. Yen ibune siji anake loro, yen anake siji ibune loro, yen ibune telu ora duwe anak. (salak).
  13. Lawa lima, kalong telu dadi piro. (wolu)

3. Cangkriman Wujud Tembang

Contoh Cangkriman Tembang Pucung

  1. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung.
    Dawa kaya ula.
    Pencokanmu wesi miring
    Sing disaba si pucung mung turut kutha. (sepur)
  2. Bapak pucung dudu watu dudu gunung,
    Sangkamu ing plembang
    Ngon ingone sang Bupati,
    Yen lumampah si pucung lembahan grana. (gajah)

 

Catatan Admin  Visit Klaten

NB: Jika dalam artikel ini ada yang kurang jelas atau belum paham maka silakan menanyakan ke guru bahasa jawa atau yang lebih mengetahui karena disini kami hanya sekedar berbagi saja.

Terima kasih telah mengunjungi website kami.

Share jika bermanfaat, jika ada kritik, tambahan atau saran silakan hubungi kami atau silakan isi di kolom komentar.

Referensi:
Buku Pepak Basa Jawa
id.wikipedia.org/wiki/Cangkriman

Postingan Terkait

Komentar

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This site is protected by reCAPTCHA and the Google Privacy Policy and Terms of Service apply.

The reCAPTCHA verification period has expired. Please reload the page.

Back To Top